PUPUH IV P A N
G K U R
P A N G K U R
01
Sekar pangkur kang winarna, lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan
becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang
tata krama, den kaesthi siyang ratri.
Nasihat ini dibalut dengan tembang Pangkur. Seyogyanya
kau memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu
kau ketahui. Pahami pula ada dan aturan, serta siang malam jangan kau lupakan
tata krama
02
Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu,
tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng
anendra, duga-duga nora kari.
Jangan kau lupakan pertimbangan, boleh sedikit curiga
karena hal itu merupakan (keharusan) yang tidak boleh kau lupakan, baik ketka
sedang terjaga, duduk, bangun, maupun berjalan, diam, berbicara, maupun tidur
(jangan lupakan nalar).
03
Miwah ta sabarang karya, ing prakara kang gedhe lan kang cilik, papat iku
aja kantun, kanggo sadina-dina, rina wengi nagara miwah ing dhusun, kabeh kang
padha ambegan, papat iku aja lali.
Demikian pula pertimbangan empat perkara dalam segala
hal baik yang besar maupun yang kecil jangan kau lupakan, terapkan sehari-hari,
siang atau malam, di kota maupun di desa. (Hal ini berlaku) untuk semua makhluk
yang bernapas.
04
Kalamun ana manusa, anyinggahi dugi lawan prayogi, iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah, wong degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira
pedhak-pedhak, nora wurung neniwasi.
Jika ada manusia yang melupakan pertimbangan nalar,
itu tak patut berbaur dengan orang banyak. Janganlah kau dekati orang yang tak
tahu adat dan hanya menuruti kemauannya sendiri, (orang seperto itu) akan
membawa kehancuran.
05
Mapan watake manusa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah
muna-muninipun, pan dadi panengeran ingkang, kang apinter kang bodho miwah kang
luhur, kang sugih lan kang melarat, tanapi manusa singgih.
Ciri perilaku manusia itu tampak dari bagaimana
varanya berjalan dan duduk, tindak-tanduk dalam berbicara. Meskipun orang itu
pandai atau bodoh, berderajat tinggi atau hina, kaya atau miskin
06
Ulama miwah maksiyat, wong kang kendel tanapi wong kang jirih, durjana
bebotoh kaum, lanang wadon pan padha, panitike manusa wateke wewatekipun, apa
dene wong kang nyata, ing pangawruh kang wus pasthi.
Ulama atau penjahat, pemberani maupun penakut, pencuri
maupun bebotoh, atau lelaki maupun perempuan semua memiliki ciri-ciri yang
sama.
07
Tinitik ing solah muna, lawan muni ing laku lawan linggih, iku panengeran
agung, winawas ginrahita, pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas ing
sujanma, datan kongsi mindho gaweni.
Terlihat dari tindak-tanduk, berbicara, berjalan, dan
duduk, itu cirri utama yang mudah diketahui dan dirasakan. Oleh karena itu,
orang jaman duu tidak pernah salah dalam menilai orang.
08
Masa mengko mapan arang, kang katemu ing basa kang basuki, ingkang lumrah
wong puniku, dhengki srei lan dora, iren meren dahwen pinasten kumingsun, opene
nora prasaja, jail mutakil bakiwit.
Masa sekarang, sangat sulit menemukan perilaku yang
baik. Umumnya (manusia sekarang) itu dengki, serakah, dan pembohong, malas,
iri, senang encela, sombong, tidak jujur, jahil, banyak curiga, dan curang
09
Alaning liyan den andhar, ing becike liyan dipunsimpeni, becike dhewe
ginunggung, kinarya pasamuan, nora ngrasa alane dhewe ngendhukur, wong mangkono
wateknya, nora kena denpedhaki.
Kejelekan orang lain disebarluaskan, sementara
kebaikan (orang lain) disembunyikan, kebaikannya sendiri disanjung-sanjung dan
dibicarakan dalam pertemuan, tidak merasa kejelekannya sendiri bertumpuk. Orang
yang bertabiat seperti itu tidak layak kau dekati.
10
Iku wong durjana murka, nora nana mareme jroning ati, sabarang karepanipun,
nadyan wusa katekan, karepane nora mari saya banjur, luwamah lawan amarah, iku
kang den tut wuri.
Orang seperti itu disebutpenjahat serakah, tidak
pernah merasa puas meskipun semua keinginannya telah terpenuhi, kemauannya
tidak ernah berhenti, malah semakinmenjadi-jadi, menurutkan hawa nafsu lawamah
dan amarah.
11
Ing sabarang tingkah polah, ing pangucap tanapi lamun linggih, sungkan asor
ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujanma pangrasane dhewekipun, nora nana
kang memadha, angrasa luhur pribadi.
Segala tingkah laku, dalam berbicara maupun duduk,
tabiatnya tidak mau dikalahkan oleh orang lain, tidak mau ada yang menyamai, ia
merasa dirinya paling tinggi.
12
Aja nedya katempelan, ing wewatek kang tan panates ing budhi, watek rusuh
nora urus, tunggal lawan manusa, dipun sami karya labuhan kang patut, darapon
dadi tuladha, tinuta ing wuri.
Jangan sampai kau dihinggapi tabiat yang tidak pantas
karena perilaku jahat seperti itu tidak patut disandang manusia. Seyognya
berbuatlah kebajikan sehingga menjadi suri teladan dan panutan di kemudian
hari.
13
Aja lunyu lemer genjah, angrong pasanakan nyumur gumuling, ambubut arit puniku,
watek datan raharja, pan wong lunyu nora pantes dipunenut, monyar-manyir tan
anteban, dela lemeran puniku.
Janganlah bersikap lunyu lemer genjah, angrong
pasanakan nyumur gumuling, dan ambubut arit karena sifat itu tidak akan
menyelamatkanmu, tidak patut kau anut. Watak lunyu itu artinyakata-katanya
tidak bisa dipegang, sedangkan sifat lemer
14
Para penginan tegesnya, genjah iku cak-cekan barang kardi, angrong pasanak
liripun, remen ulah miruda, mring rabine sadulur miwah ing batur, mring sanak
myang prasanakan, sok senenga den ramuhi.
Adalah mudah tergiur sesuatu. Genjah artinya senang
berkata jorok, angrong pasanakan artinya senang berselingkuh dengan istri
orang, dan jika sudah mencintai istri sahabat atau kerabat harus terlaksana.
15
Nyumur guling linira, ambeladhah nora duwe wewadi, nora kene rubung-rubung,
wewadine den umbar, mbuntut arit punika pracekanipun, ambener ing pangarepan,
nanging nggarethel ing wuri.
Nyumur gumuling artinya tidak dapat menyimpan rahasia,
jika mendengar kabar (meskipun sebagian) langsung disebarluaskan. Mbuntut arit
artinya di awal terdengar baik tapi menggerutu di belakang.
16
Sabarang kang dipun ucap, nora wurung amrih oleh pribadi, iku labuhan
patut, aja na nedya nulad, ing wateking nenem prakara punika, sayogyane ngupayaa,
lir mas tumimbul ing warih.
Semua yang diucapkannya hanya untuk keuntungan diri
sendiri. Hal itu bukan kebajikan yang baik, dan jangan ada yang meniru keenam
sifat di atas. Seyogyanya berlakulan seperti emas yang tersembul di permukaan.
(mas tumimbul merupakan isyarat pola tembang berikutnya yaitu maskumambang).
PUPUH XII S I N O M
S I N O M
01
Ambeke kang wus
utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha
padhaning jalmi, suka bungah den ina sapadha-padha.
Perilaku orang yang
telah mencapai tataran sempurna tidak akan membatasi atau mencela kepandaian
orang lain, kepandaiannya disembunyikan sedangkan kebodohannya ditampilkan agar
dihina, jangan sampai ada yang menyebutnya pandai, ia merasa bahagia jika ada
yang menghinanya
02
Ingsun uga tan
mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den
arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Aku pun tidak
begitu, kebodohankulah yang aku tutupi dan kepandaianku yang aku kedepankan
karena malu jika disebut bodoh oleh orang lain, padahal aku bodoh namun ingin
disebut pandai sehingga tanpa sadar (aku) banyak bercerita bohong
03
Tur ta duk masihe
bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik,
miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene
ingsun iki, teka nora nana undaking kabisan.
Padahal ketika aku
masih kecil banyak yang bercerita tentang perilaku orang jaman dulu mengenai
pengabdian yang baik serta cerita, termasuk cerita yang tidak benar adanya yang
disebut dongeng, meskipun demikian, kepandaianku tidaklah bertambah
04
Carita nggonsun
nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna
rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang,
miwah ibu mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan.
Adapu cerita yang
kuberikan ini kuturunkandari orang tua yang mengasuhku dulu, banyak cerita yang
kudengarkan baik siang maupun malam sampai sekarang masih aku ingat. Setelah
aku dewasa, ayah yang memberiku nasihat, sedangkan ibu yang mengingatkan
tentang tata karma dan tingkah laku kebaikan
05
Nanging padha
estokana, pitutur kang muni tulis, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki,
nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo
pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
Namun turitilah
nasihat yang tertulis ini, jika kau menghendaki keselamatan, laksanakan nasihat
yang kuingat dari tetua, mudah-mudahan kalian dapat melaksanakan nasihat ini,
sebab ajaran orang tua akan membawa berkah
06
Lan aja nalimpang
madha, mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi dhahar
lan guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene kang sinedya,
mungguh wong nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan.
Dan jangan ada yang
berani mencela leluhur. Pahami laku berupa mengurangi makan dan tidur dengan
cara ‘menyakiti’ diri untuk membersihkan diri sehingga akhirnya tercapai segala
yang diinginkan. Adapun orang yang memohon kepada Yang Mahakuasa, cepat atau
lambat akan dikabulkan jika sungguh-sungguh.
07
Hyang sukma pan
sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare
Dalil, nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot
tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.
Bukankah Yang
Mahamulia itu memiliki sifat Mama Pemurah yang mengabulkan segala keinginan
yang sungguh-sunguh. Bukankah demikian yang dikatakan hadits. Buktinya juga
ada. Ki Ageng Tarub tak henti-hentinya memohon sehingga anak, cucu, buyut,
canggah, wareng ikut mewarisinya
08
Panembahan
senopatya, kang jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang
Hyang Widdhi, saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih tulusing
nugraha, ingkang keri keri iki, wajib uga niruwa lelakonira.
Panembahan Senopati
yang memerintah di Mataram pun berkesesuaian dengan dengan anugrah Yang Mahaesa
keturunasnnya berkuasa turun temurun dari berkah leluhur . agar berkahmu
lestari, seyogyanya kau ikuti laku
09
Mring leluhur
kina-kina, nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni, cegah
turu sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang dingin
dingin, aniruwa sapretelon saprapatan.
Para leluhur jaman
dulu. ‘Menyiksa diri sudah barang tentu semampumu, semampu kau melaksanakannya.
Kurangi sedikit tidur dan makanmu. Tidak perlu meniru seluruhnya perilaku
leluhur, sepertiganya atau seperempat saja sudah cukup
10
Pan ana silih
bebasan, padha sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka sajroning
prihatin, lawan ingkang prihatin, mana suka ing jronipun, iku den sinauwa, lan
mati sajroning urip, ingkang kuna pan mangkono kang den gulang.
Bukankah ada
peribahasa ‘belajarlah dalam nikmat, sakit dalam sehat, senang dalam
penderitaan, prihatin dalam kesukaan, dan matilah dalam hidup. Begitulah laku
orang jaman dulu
11
Pamore gusti
kawula, punika ingkang sayekti, dadine socaludira, iku den waspada ugi,
gampange ta kaki, tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi
siji, mari nama tembaga tuwin kencana.
Perhatikan pula
manunggaling kawula gusti yangsesungguh-sungguhnya bagai sotyaludira (roh
suci). Secara sederhana, Anakku, emas dan tembaga itu lebur dalam api,
bercampur menjadi satu, hilanglah nama tembaga dan emasnya
12
Yen aranana
kencana, dene wus awor tembagi, yen aranana tembaga, wus kaworan kancanedi,
milanya den westani, aran suwasa punika, pamore mas tembaga, mulane namane
salin, lan rupane sayekti yen warna beda.
Jika dinamakan emas
sudah bercampur tembaga, jika disebut tembaga sudah bercampur dengan emas, oleh
karenanya disebutlak suasa yang merupakan campuran mas dan tembaga. Adapun
namanya berubah karena warna dan wujudya berubah
13
Cahya abang tuntung
jenar, puniku suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembaga kang nora becik,
pambesate tan resik, utawa nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote pasthi tan
sami, pan suwasa bubul arane punika.
Suasa murni
berwarna merah kekuning-kuningan . jika membuat suasa dengan tembaga yang tidak
baik, pegolahannya tidak bersih, atau masnya muda, maka tidak akan bercahaya,
namanya pun suasa bubul
14
Yen sira karya
suwasana, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oliha tembaga prusi,
biresora kang resik, sarta masira kang sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari
pasti dadi, iku kena ingaranan suwasa mulya.
Jika kau ingin
membuat suasa yang baik, pilihlah tembaga yang baik, syukur-syukur jika
mendapatkan tembaga prusi, diolah dengan bersih, emas tua dengan dasar sari
yang tidak tercampuri, hasilnya adalah suasa mulia
15
Puniku mapan upama,
tepane badan puniki, lamun karsa ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti kudu
resik, aja katempelan napsu, luwamah lan amarah, sarta suci lahir batin,
pedimene apan sarira tunggal.
Itu hanyalah sebuah
perumpamaan sebagai ukuran badan ini. Jika kau ingin memahami manunggaling
kawula gusti, sesungguhnya harus bersih, jangan terhinggapi nafsu lawamah dan
nafsu amarah, serta suci lahir batin agar jiwamu hening
16
Lamun mangkonoa,
sayektine nora dadi, mungguh ilmu kang sanyata, nora kena den sasabi, ewoh
gampang sayekti, punika wong darbe kawruh, gampang yen winicara, angel yen
durung marengi, ing wetune binuka jroning wardaya.
Jika tidak
demikian, yakinlah tidak akan terjadi. Mempelajari ilmu yang sejati didak boleh
diduakan. Bagi yang belum memperoleh pengetahuan memang repot jika tidak
sungguh-sunguh. Mudah berbicara namun sulit jika belum terbuka
17
Nanging ta sabarang
karya, kang kinira dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawas-lawas bok
pinanggih, den mantep ing jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan,
kalamun arsa udani, apan ana dalile kang wus kalawan.
Namun demikian,
segala hal yang diperkirakan baik, itu layak jika kau tekuni, lama-kelamaan
juga akan kau temukan dan menetap dalam hatimu. Yakini petunjuk guru, jangan
cepat bosan jika hendak mencapai kemuliaan karena memang demikianlah hukum yang
sudah tertuang dalam dalil
18
Marang leluhur
sedaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa ambabonana, dadi ugere rat Jawi,
saking telateneki, nggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakune leluhur
dingin, andhap asor anggone anamur lampah.
Seluruh leluhur
jaman dulu dalam memohon kepada Yang Mahakuasa agar dapat menguasai Negara dan
menjadi pusat tanah Jawa diperolehnya melalui wahyu karena mereka rendah hati
dalam melaksanakan laku
19
Tampane nganggo
alingan, pan padha alaku tani, iku kang kinaryo sasap, pamriha aja katawis, jub
rina lawan kabir, sumungah ingkang den singkur, lan endi kang kanggonan,
wahyune karaton Jawi, tinampelan anggape pan kumawula.
Laku dilaksanakan
secara diam-diam sambil bertani. Sikap seperti itu dilakukan agar tidak kentara
serta bersikap tidak menyombongkan kemampuan diri bahkan mau mengabdi kepada
siapapun yang memperoleh wahyu keraton jawa.
20
Punika laku utama,
tumindak sarto kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang den alingi,
panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga tiniru
ugi, anak putu aja ana ninggal lanjaran.
(penyamaran) Itulah
laku yang utama, tidak menampakkan bahwa ia sedang menjalankan laku, sehingga
yang disamarkan itu merupakan cita-cita tersembunyi dalam hati, jauh dikejar
karena di situlah manungaling kawula gusti mencapai kedalaman. Hal demikian
baik jika ditiru, Anak cucuku agar tidak kehilangan keturunan
21
Lan maning ana
wasiyat, prasapa kang dingin dingin, wajib padha kawruhana, anak putu ingkang
kari, lan aja na kang wani, nerak wewaleripun, marang leluhur padha, kang
minulyakaken ing Widdhi, muga-muga mufaatana ing darah.
Dan ada lagi wasiat
berupa tabu yang terucap pada jaman dulu. Wajib kau ketahui sebagai anak cucu
yang terakhir, dan jangan ada yang berani melanggar tabu leluhur yang
dimuliakan oleh Yang Mahaesa. Mudah-mudahan bermanfaat bagi keluarga besar
22
Wiwitan ingkang
prasapa, Ki Ageng Tarup memaling, ing satedhak turunira, tan linilan nganggo
keris, miwah waos tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena dhahar,
daginge pan nora keni, anginguwa marang wong wadon tan kena.
Yang pertama kali
mengucapkan tabu adalah Ki Ageng Tarub. Ia berpesan agar keturunannya tidak
mengenakan keris dan tumbak yang terbuat dari baja, tidak boleh makan daging
sapi, dan tidak boleh memelihara abdi perempuan wandan
23
Dene Ki ageng Sela,
prasape ingkang tan keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe den waleri,
kapindhone tan keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe tan kena dhahar,
Panembahan Senopati, ingalaga punika ingkang prasapa.
Adapun Ki Ageng
Sela mengucapkan tabu, bahwa keturunannya tidak diperbolehkan berkain cindai,
tidak diperbolehkan menanam labu di depan rumah dan tidak boleh memakan
buahnya. Panembahan Senapati Ingalaga mengucapkan tabu
24
Ingkang tedhak
turunira, mapan nora den lilani, anitiha kuda napas, lan malih dipun waleri, yen
nungganga turangga, kang kakoncen surinipun, dhahar ngungkurken lawang, wuri
tan ana nunggoni, dipun emut punika mesthitan kena.
Bahwa keturunannya
tidak diperkenankan mengendarai kda berwarna abu-abu kekuning-kuningan dan
dilarang menunggang kuda yang surainya dikepang, makan membelakangi pintu
kecuali di belakangnya ada yang menjaga. Ingatlah dan jangan ada yang melanggar
itu
25
Jeng Sultan Agung
Mataram, apan nora anglilani, mring tedhake yen nitiha, kapal bendana yen
jurit, nganggo waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen
tan bisa nembang kawi, pan prayoga satedake sinauwa.
Kanjeng Sultan
Agung Mataram mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperkenankan
menunggang kyda yang rewel jika diajak bertempur, tidak memperkenankan tumbak
ang bergagang kayu wregu vserta tidak akan diakui sebagai keturunan (Mataram)
jika tidak dapat membaca tembang kawi dan mengharuskan belajar tembang kawi
26
Jeng Sunan
Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madek ing Kartasura, prasapanira
anenggih, tan linilan anitih, dipangga saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat,
waler mring saturunreki, tan rinilan ujung astana ing Betah.
Kanjeng Sunan
Pakubuwana yang dilantik di Semarang kemudian berkuasa di Kartasura mengucapkan
tabu bahwa keturunannya tidak diperbolehkan menunggang gajah. Sunan Prabu
Amangkurat mengucapkan tabu bahwa keturunannya dilarang berziarah ke makam
Butuh
27
Lawan tan kena
nganggowa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh aja na
kang lali, lawan aja nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih Kang jeng
Susunan, Pakubuwana ping kalih, mring satedhak turunira linarangan.
Jika sedang
menungang kuda tidak boleh menyandangkeris tanpa pendhok. Janganlah kau
meremehkan tabu-tabu di atas. Adapun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana II
mengucapkan tabu bahwa keturunannya dilarang
28
Dhahar apyun nora
kena, sinerat tan den lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa kang padha
nglakoni, narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa,
linabakken tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.
Madat, baik dihisap
maupun dimakan. Barang siapa melanggar tabu dengan madat akan dikeluarkan dari
daftar keturunan Kanjeng Sunan yang dimakamkan di Laweyan
29
Prasapa Kangjeng
Susunan, Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira, apan nora den lilani,
agawe andel ugi, wong sejen ing jinisipun, apan iku linarangan, anak putu
wuri-wuri, poma aja wani anrajang prasapa.
Adapun Kanjeng
Susuhunan III mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperbolehkan
mengangkat orang kepercayaan yang bukan berasal dari bangsa sejenis, serta anak
cucu tidak diperkenankan melanggar larangan
30
Wonten waler
kaliwatan, saking luhur dingin dingin, linarangan angumbaha, wana
Krendhawahaneki, dene kang amaleri, Sang Danan Jaya rumuhun, lan malih winaleran,
kabeh tedhak ing Matawis, yen dolana mring wana tan kena.
Masih ada tabu
leluhur ang terlewat, yaitu dilarang merambah Hutan Krendhawana. Adapun yang
mengucapkan tabu tersebut adalah Dananjaya. Ada lagi tabu bagi keturunan
Mataram, yaitu tidak diperkenankan bermain-main di hutan atau rawa-rawa
31
Dene sesirikanira,
yen tedhak ing Demak nenggih, mangangge wulung tan kena, ana kang nyenyirik
malih, bebet lonthang tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan payung dadaan
abang, tedhak Madura tan keni, yen nganggowa bebathikan parang rusak.
Adapun tabu bagi
keturunan Demak adalah mengenakan pakaian berwarna ungu, tabu keturunan Madiun
adalah kain panjang luntang dan paying berhias merah, tabu keturunan Madura
adalah mengenakan batik bermotif parang rusak
32
Yen tedhak Kudus
tak kena, yen dhahara daging sapi, yen tedhak Sumenep iku, nora kena ajang
piring, watu tan den lilani, lawan kidang ulamipun, tan kena yen dhahara, miwah
lamun dhahar ugi, nora kena ajang godhong pelasa.
Keturunan Kudus
tidak boleh makan daging sapi, keturunan Sumenep tidak diperkenankan makan
dengan piring batu, makan daging kijang, dan dilarang menggunakan daun plasa
sebagai alas makan
33
Kabeh anak putu
padha, eling-elingan ywa lali, prasapa kang kuna-kuna, wewaler leluhur nguni,
estokna away lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasti tan manggih
basuki, Sinom salin Girisa ingkang atampa.
Semua abak cucu,
camkan dan jangan lupa tabu zaman kuno warisan leluhur, patuhilah jangan sampai
ada yang melanggar. Barang siapa berani melanggar pasti tidak akan selamat dan
yang mendengar ini supaya giris (girisa merupakan isyarat pola tembang
berikutnya, yaitu girisa)
PUPUH XI
ASMARANDANA
ASMARANDANA
01
Padha netepana ugi,
kabeh parentahing syara, terusna lair batine, salat limang wektu uga, tan kena
tininggala, sapa tinggal dadi kupur, yen misih remen neng praja.
Tetapkan juga
seluruh perintah agama secara lahir batin. Sholat lima waktu tidak boleh kau
tinggalkan. Barang siapa yang meninggalkan sholat akan menjadi kufur. Itupun
jika kau masih mencintai kehidupan
02
Wiwitane badan iki,
iya saking ing sarengat, anane Manusa kiya, rukune Islam lelima, tan kerja
tininggala, pan iku parabot agung, mungguh uripe neng donya.
Badan ini pun
bermula dari syariat, begitupun adanya manusia. Kelima rukun Islam tidak boleh
kau tinggalkan, bukankah itu semua perangkat yang mulia bagi kehidupan manusia
di dunia
03
Kudu uga den
lakoni, rukun lelima punika, apantosa kuwasane, ning aja tan linakwan, sapa tan
ngalakanana, datan wurung nemu bebendu, mula padha estokena.
Kelima rukun Islam
itu harus kau laksanakan semampumu, namun jangan sampai tidak kau laksanakan.
Barang siapa yang tidak melaksanakan akan mendapatkan hukuman, karenanya
laksanakan
04
Parentahira Hyang
Widdhi, kang dhawuh marang Nabiu’ullah, ing Dalil Khadis enggone, aja padha sembrana,
rasakna den karasa, Dalil Khadis rasanipun, dimene padhang tyasira.
Segala perintah
Yang Mahakuasa, sebagaimana yang disabdakan Nabiullah, dalam dalil dan hadits,
sangan sembarangan, rasakan sampai kau merasakan. Camkan betrul-betul makna
dalil dan hadits agar menerangi hatimu
05
Nora gampang wong
ngaurip, yen tan weruh uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo dagingira,
khalal lamun pinangan, yen manungsa dagingipun, pinangan pastine kharam.
Tidak mudah dalam
menjalani kehidupan jika kau tidak mengetahui hidupmu. Orang demikian seperti
kerbau, bahkan kerbau masih lebih baik karena dagingnya halal dimakan, tetapi
daging manusia itu pasti haram untuk dimakan
06
Poma-poma wekas
mami, anak putu aja lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman, banget
paes neng dunya, siang dalu dipun emut, wong urip manggih antaka.
Perhatikan
sungguh-sungguh nasihatku, anak cucu jangan terlena, jangan terlalu ingin
memiliki perhiasan dunia. Siang malam ingatlah, bahwa orang yang hidup akan
menemui kematian
07
Lawan aja angkuh
bengis, lengus lanas calak lancang, langar ladak sumalonong, aja ngidak aja
ngepak, lan aja siya-siya, aja jahil dhemen padu, lan aja para wadulan.
Dan juga jangan kau
bengis, angkuh, mudah tersinggung, pemarah, bermulut lancing, tidak tahu tata
karma galak, dan merendahkan orang lain, gemar bertengkar, dan suka mengadu
08
Kang kanggo ing
masa iku, priyayi nom kang den gulang, kaya kang wus muni kowe, kudu lumaku
kajinan, pan nora nganggo murwat, lunga mlaku kudhung sarung, lumaku den
dhodhokana.
Untuk masa
sekarang, para priyayi muda biasa melakukan perbuatan seperti itu, berjalan pun
tidak dihormati karena tidak menggunakan pertimbangan, berjalan pun dengan
berkerudung sarung agar tidak dikenali
09
Ngandelaken
satriyane, lamun ngatrah dinodokan, anganggoa jejeran, yen niyat lumaku namur,
aja ndodokaken manusa
Perbuatan semacam
itu tidak baik. Dapat dikatakan sebagai kesatria yang tidak tahu adat dan hanya
mengandalkan kesatriaannya. Kalaupun ingin menyamar, jangan menyamar sebagai
orang lain
10
Iku poma
dipuneling, kaki marang ptituturingwang, kang wus muni buri kuwe, yen ana
ingkang nganggoa, cawangan wong mblasar, saking nora ngrungu tutur, lebur tan
dadi dandanan
Sesunguh-sungguhnya,
ankku, ingatlah pesanku ini. Jika ada yang melakukannya, maka ia menjadi orang
yang tidak tahu aturan karena tidak mendengarkan nasihat sehingga hancur tidak
membawa manfaat
11
Barang gawe
dipuneling, nganggoa tepa sarira, aparentah sabenere, aja ambak kumawawa, amrih
denwedenana. Dene ta kang wus linuhung , nggone mengku marang bala
Segala perbuatan
hendaknya diukur dengan diri sendiri. Berikan perintah berdasarkan
kemampuannya, jangan mentangmentang berkuasa agar ditakuti. Bagi orang yang
sempurna dalam memerintahkan bawahan
12
Prih wedi sarta
asih, ggone mengku marang bala, den weruhana gawene, den bias aminta-minta,
karyane wadyanira, ing salungguh-lungguhipun, ana karyane priyangga
Berupaya agar segan
dan hormat, dalam memerintah bawahan, tunjukan apa yang harus dikerjakan,
jelaskan pekerjaan menurut tugas dan tanggung jawabnya masing-masing
13
Sarta weruhana ing
becik, gantungana ing patrapan, darapon pethel karyane, dimene aja sembrana,
denya nglakoni karya, ywa dumeh asih sireku, yen leleda patrapana
Serta tunjukan pada
hal-hal yang baik, berikan sanksi agar rajin dan tidak sembarangan dalam
melakukan pekerjaan. Sekalipun engkau sayangi, jika ia teledor, jatuhkan
hukuman
14
Iku uga dipun
eling, kalamun mulyaning praja, mufa’ati mring wong akeh, ing rina wengi tan
pegat, nenedha mring Pangeran, luluse kraton Sang Prabu, miwah arjaning negara.
Itu juga harus kau
ingat, jika Negara sejahtera akan memberikan manfaat terhadap orang banyak.
Siang dan malam jangan sampai putus memohon kepada Gusti Allah agar merestui
raja dan ketentraman negara
15
Iku wewalesing batin,
mungguh wong suwiteng Nata, ing lair setya tuhu, kalawan nyandhang ing karsa,
badan datan nglenggana, ing siyang dalu pan katur, atur pati uripira.
Demikian itu balas
budi secara batin bagi orang yang mengabdi kepada raja, secara lahir setia dan
menanti perintah raja, dirinya dan hidup matinya ia pasrahkan, siang maupun
malam
16
Gumantung karsaning
Gusti, iku traping wadya setiya, nora kaya jaman mangke, yen wus antuk
palungguhan, trape kaya wong dagang, ngetung tuna bathinipun, ing tyas datan
pangrasa.
Bergantung pada
kehendak raja itulah sikap bawahan yang setia, tidak seperti jaman sekarang,
jika sudah mendapatkan kedudukan, tingkahnya sperti pedagang, yang
diperhitungkan hanyalah untung dan rugi, di hatinya tidak merasa
17
Awite dadi priyayi,
sapa kang gawe ing sira, tan weling ing wiwitane, amung weruh ing witira,
dadine saking ruba, mulane ing batinipun, pangetunge lir wong dagang.
Bagaimana awalnya
sehingga menjadi pembesar, siapa yang menjadikanmu demikian,sekalipun tak
mengingat pada asal usulnya, pasti dalam hatinya ia tahu mulainya. Ia mejadi
pejabat karena suap, maka perhitungannya seperti berdagang
18
Mung mikir gelise
mulih, rerubanira duk dadya, ing rina wengi ciptane, kepriye lamun bisaa, males
sihing bandara, lungguhe lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.
Yang dipikirkan
hanya sesegera mungkin kembali modal. Jika demikian, bagaimana ia dapat
membalas kebaikan majikannya karena kedudukannya diperoleh dari hasil membeli
sehingga ia berani merusak desa
19
Pamrihe gelise
bathi, nadyan besuk pinocota, picisku sok wusa mulih, kepriye lamun tataa,
polahe salang tunjang, padha kaya wong bebruwun, tan ngetung duga prayoga.
Dengan harapan
segera mendapatkan untun, g sekalipun besok dipecat uangku sudah kembali.
Bagaimana mungkin dapat tertib karena perbuatannya tidak pantas, seperti orang
jahat yang tidak memperhitungakn kebaikan dan nalar
20
Poma padha dipun
eling, nganggo syukur lawan lila, nrimaa ing pepancene, lan aja amrih sarama,
mring sedya nandhang karya, lan padha amriha iku, harjane kang desa-desa.
Oleh karena itu
ngatlah. Bersyukurlah jangan kau lupakan. Terimalah keharusan dan jangan
mengharapkan suap dari bawahan yang melaksanakan tugas, sebaliknya berusahalah
untuk menyejahterakan desa-desa
21
Wong desa pan aja
ngesthi, anggone anambut karya, sesawah miwah tegale, nggaru maluku tetapa, aja
den owah dimene, tulus nenandur jagung, pari kapas lawan jarak.
Orang-orang desa
jangan sampai kesulitan dalam mengarap lading, bekerja, bersawah, bertani, dan
membajak, jangan kau ganggu agar mereka dapat terus menanamjagung, padi, kapas,
dan jarak
22
Yen desa akeh
wongneki, ingkang bathi pasthisira, wetune pajeg undhake, dipun reh pamrihira,
aja kongsi rekasa, kang wani kalah rumuhun, beya kurang paringana.
Jika desa banyak
penduduknya, yang neruntung tentu engkau, karena mendapatkan pajak yang lebih.
Oleh karena itu hati-hatilah dalam mengatur jangan sampai menyusahkan, biarlah
mengalah dulu, jika kurang biaya, berilah
23
Kapriye gemahing
bumi, sakehe kang desa-desa, salih bekel pendhak epon, pametuhe jung sacacah,
bektine karobelah, temahan desane suwung, priyayi jaga pocotan
Namun bagaimana
bumi dapat tentram jika pemimpinnya berganti setiap hari Pon. Tanah satu jung
diambil upeti seratus lima puluh sehingga desa kosong karena berganti-ganti
pemimpin
24
Poma aja anglakoni,
kaya pikir kang mangkono, satemah lingsem dadine, den sami angestakena, mring
pitutur kang arja, nora cacad alanipun, wong nglakoni kebecikan.
Sesungguh-sungguhnya
jangan ada yang melakukan perbuatan itu sebab pada akhirnya akan mempermalukan
dirimu. Patuhilah nasihat yang member kesejahteraan karena tidak ada jeleknya
menjalankan kebaikan
25
Nonoman ing mengko
iki, yen dituturi raharja, arang ingkang ngrungokake, sinamur bari sembrana,
ewuh yen nuruta, malah mudhar pitutur, pangrasane pan wus wignya.
Para pemuda zaman
sekarang ini jika dinasihati baik-baik jarang ada yang mendengarkan seraya
bercanda dan tidak ada yang meniru bahkan ganti menasihati karena merasa sudah
tahu
26
Aja na mangkono
ugi, yen ana wong kang carita, rungokena saunine, ingkang becik sireng
gawa,bawungen ingkang ala, anggiten sajroning kalbu, ywa nganggo budi nonoman.
Jangan ada yang
bersikap seperti itu. Jika ada yang sedang bercerita dengarkan sesuai dengan
apa yang dikatakan, yang baik kau ambil, yang tidak baik kau buang. Semua itu
camkan dalam hatimu, jangan biasakan bertindak sebagai pemuda (nonoman
merupakan isyarat pola tembang berikut, yaitu sinom).
PUPUH X M I J I L
M I J I L
01
Poma kaki padha
dipun eling, ing pituturingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing
budi, luruh sarta wasis, samubarang tanduk.
Harap kau ingat
nasihatku ini, Nak. Engkau juga disebut sebagai kesatria, harus halus dan
hening hatimu, lembut, dan cerdas dalam segala hal
02
Dipun nedya prawira
ing batin, nanging aja katon, sasona yen durung masane, kekendelan aja wani
manikis, wiweka ing batin, den samar ing semu.
serta berusahalah
utuk berani, namun jangan sampai terihat, bahkan jika belum waktunya jangan
sampai keberanian itu kau perlihatkan, hati-hati, sabar, dan rahasiakan
03
Lawan densemu lawan
den lungit, maneh wekasingong, aja kurang iya panrimane, yen wis tinitah dera
Hyang Widhi, ing badan punika, pan wus pepancenipun.
Melalui isyarat
dengan cermat. Di samping itu, pesanku, jangan lupa bersyukur atas karunia Yang
Mahakuasa dengan kodrat yang menyertaimu
04
Kang narima satitah
Hyang Widhi, temah dadi awon, lan ana wong tan narima titahe, wekasane iku dadi
becik, kawruhana ugi, aja selang surup.
(meskipun demikian)
ada orang yang tidak bersyukur malah bernasib baik, sedangkan orang yang
bersyukur bernasib jelek. Pahamilah, jangan sampai kau keliru
05
Yen wong bodho
datan nedya ugi, atakon tetiron, anarima titah ing bodhone, iku wong narima
norabecik dene ingkang becik, wong narima iku.
Jika ada orang
bodoh tetapi tidak mau bertanya dan tidak manu menerima kodrat kebodohannya,
itu tidak baik. Adapun yang baik adalah yang menerima dengan syukur
06
Kaya upamane wong
angabdi, marang sing Sang Katong, lawas-lawas ketekan sedyane, dadi mantri
utawa bupati, miwah saliyaneng, ing tyas kang panuju.
Seperi orang yang
mengabdi kepada raja, lama-kelamaan akan terlihat kemampuannya, (akhirnya)
diangkat sebagai menteri atau bupati atau tercapai seluruh keinginannya
07
Nuli narima tyasing
batin, tan mengeng ing Katong, rumasa ing kani matane, sihing gusti tumeking
nak rabi, wong narima becik kang mangkono iku.
Kemudian bersyukur
secara lahir dan batin dengan tidak menolak perintah rajakarena merasa bahwa
semua yang diterimanya sampai ke anak istri adalah atas kasih sayang raja.
Orang yang bersyukur seperti itu baik.
08
Nanging arang iya
wong saiki, kang kaya mangkono, Kang wus kaprah iyo salawase, yen wis ana
lungguhe sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.
Namun sangat jarang
orang jaman sekarang orang seperti itu. Yang sering terjadi adalah sal sudah
memiliki kedukukan meskipun kecil akan melupakan asal-usulnya
09
Pangrasane duweke
pribadi, sabarang kang kanggo, datan eling ing mula mulane, witing sugih
sangkane amukti, panrimaning ati, kaya anggone nemu.
Perasaanya miliknya
itu hasil pribadi, semua benda yang dipergunakan tidak diingat asal-usul
bagaimana ia menjadi kaya, bahkan dikiranya diperoleh begitu saja seperti hasil
nemu
10
Tan ngrasa
kamurahaning Widdhi, jalaran Sang Katong, jaman mengko ya iku mulane, arane
turun wong lumakyeng kardi, tyase tan saririh, kasusu ing angkuh.
Tidak merasa atas
kemurahan Yang Mahakuasa itu berkat kasih sayang raja. Itulah sebabnya jaman
sekarang jarang orang yang mewariskan kedudukan (kepada keluarganya) karena ia
tidak sabar, tergesa-gesa, dan sombong
11
Arang nedya males
sihing Gusti, Gustine Sang Katong, lan iya ing kabehing batine, nora nedya
narimeng Hyang Widdhi, iku wong tan wruh ing, kanikmatanipun.
Jarang orang yang
berkeinginan untuk membalas kasih sayang raja, raja dari segala raja. Dalam
batinnya tidak bersyukur atas anugrah Yang Mahakuasa, (orang seperti itu) tidak
merasakan kenikmatan
12
Yeku wong kurang
narima ugi, luwih saka awon, barang gawe aja age-age, anganggoa sabar rereh
ririh, dadi barang kardi, resik tur rahayu.
Atau orang yang
tidak tahu bereterima kasih (menyebabkan segalanya) menjadi buruk. Jangan
tergesa-gesa dan selalu bertindak sabar, tenang, dan cermat sehingga pekerjaan
menjadi baik dan mendatangkan kenikmatan
13
Uwis pinter nanging
iku maksih, nggonira ngupados, undhaking ing kapinterane, lan undhake kawruh
ingkang yekti, durung marem batin lamun durung tutug.
Ada pula orang yang
sudah pandai namun masih mencari kepandaian yang melebihi kepandaian dan
pengetahuannya, ia belum merasa puas jika belum sempurna
14
Ing pangawruh kang
densenengi, kang wus sem ing batos, miwah ing kapinteran wus dene, samubarang
pakaryan wus enting, nora nana lali, kabeh wus kawengku
Pengetahuan yang
dia senangi dan sudah tertanam di dalam batin, segala pekerjaan sudah mampu ia
lakukan, tidak ada yang terlupakan, semuanya sudah ia kerjakan
15
Lan maninge babo
dipun eling, ing pituturingong, sira uga padha ngempek-empek, iya marang kang
jumeneng Aji, ing lair myang batin, den ngarsa kawengku.
Dan lagi, ingatlah
nasihatku. Kalian semua bernaung pada raja. Oleh karenanya, merasalah secara
lahir dan batin
16
Kang jumeneng nata
ambawani, wus karseng Hyang Manon, wajib padha wedi lan batine, aja mamang
parintahing Aji, nadyan enom ugi, lamun dadi Ratu.
Bahwa yang menjadi
raja memerintah Negara,itu merupakan kehendak Yang Mahatahu, oleh
karenanya,jangan ragukan perintahnya. Meskipun masih muda namun menjadi raja
17
Nora kena iya den
waoni, parentahing Katong, dhasar Ratu abener prentahe, kaya priye nggonira
sumingkir, yen tan anglakoni, pasti tan rahayu.
Tidak boleh dicela.
Perintah raja adalah benar adanya, maka bagaimanapun mau menghindar dan tidak
menjalankan perintahnya pasti tidak akan membawa kebajikan
18
Krana ingkang
kaprah mansa iki, anggone angrengkoh, tan rumangsa lamun ngempek empek, ing
batine datan nedya eling, kamuktene ugi, ngendi sangkanipun.
Yang lumrah di masa
kini adah mendaku, tidak merasa dirinya bernaung, bahkan dalam hatinya tidak
mau mengingat asa-usul (kemuliaan itu)
19
Lamun eling
jalarane mukti, pasthine tan ngrengkoh, saka durung bisa ngrasakake, ing
pitutur engkang dingin-dingin, sarta tan praduli, wuruking wong sepuh.
Jika ingat
asal-usul kemuliaan itu, pasti ia tidak akan sombong. (hal itu terjadi) karena
ia belum dapat memahani nasihat orang terdahulu dan tidak perduli nasihat orang
tua
20
Ing dadine barang
tindak iki, arang ingkang tanggon, saking durung ana landhesane, pan nganggo
karsane pribadi, ngawag barang kardi, dadi tanpa dhapur.
Sehingga segala
tindakannya jarang yang kokoh karena belum memiliki dasar dan menurutkan
kehendak pribadi, ngawur, dan tanpa aturan
21
Mulanipun
wekasingsun kaki, den kerep tetakon, aja isin ngatokken bodhone, saking bodho
witing pinter kaki, mung Nabi kakasih, pinter tanpa wuruk.
Oleh karena itu
nasihatku, Nak, rajinlah bertanya, angan malu menampakkan kebodohan, kepandaian
itu berawal dari kebodohan, Nak. Hanya Nabi terkasih yang pandai tanpa berguru
22
Sabakdane datan ana
maning, pinter tanpa tetakon, pan wus lumrahing wong urip kiye, mulane wong
anom den taberi, angupaya ngelmi, dadya pikukuh.
Sesudah itu tidak
ada lagi (orang) yang pandai tanpa bertanya. Bukankan sudah lazim kehidupan
jaman sekarangbahwa kepandaian diperoleh karena bertanya. Oleh karena itu,
orang muda rajinlah mencari ilmu sebagai pegangan
23
Driyanira dadya
tetali, ing tyas dimen adoh, akeh ati ingkang ala kiye, nadyan lali pan tumuli
eling, yen wong kang wus ngelmi, kang banget tuwajuh
Inderamu jadikan
sebagai ikatan jiwa yang kuat agar kehidupanmu dijauhkan dari kejahatan. Bagi
orang yang berilmu dengan sempurna, meskipun lupa, ia akan segera ingat
24
Kacek uga ingkang
tanpa ngelmi, sabarange kaot, ngelmi iku dene kangge, saben dina gurokena
dhingin, pan sarengat ugi,parabot kang parlu.
Berbeda halnya
dengan orang yang tidak berilmu, segalanya berbeda. Gunakan ilmu dan asahlah
setiap hari. Bukankan syariat juga merupakan kewajiban?
25
Ngelmu
sarengatpuniku dadi, wewadhah kang sayektos, kawruhana kawengkune kabeh, kang
sarengat, kang lair myang batin, mulane den sami, brangtaa ing ngelmu.
Inderamu jadikan
sebagai ikatan jiwa yang kuat agar kehidupanmu dijauhkan dari kejahatan. Bagi
orang yang berilmu dengan sempurna, meskipun lupa, ia akan segera ingat
(brangtaa merupakan isyarat pola tembang berikut, yaitu asmarandana)
PUPUH IX P U C U N
G
P U C U N G
01
Kamulane kaluwak
nonomanipun, Pan dadi satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa kaluwake
pisah-pisah.
Pada waktu muda,
buah kluwak meyatu dan namanya pucung, jika sudah tua, kluwak tersebut terpisah
02
Den budiya kapriye
ing becikipun, aja nganti pisah, kumpule kaya nomeki, anom kumpul tuwa kumpul
kang prayoga.
Bagaimanapun juga,
usahakan jangansampai berpisah, bersatunya seperti masa muda, muda menyatu
ketika tua pun sebaiknya menyatu
03
Aja kaya kaluwak
duk anom, kumpul bisa wus atuwa, ting salebar siji-siji, nora wurung dadi bumbu
pindhang lulang.
Jangan seperti
kluwak, ketika masih muda menyatu, namun ketika tua masing-masing menyebar,
akhirnya hanya sebagai bumbu pindang
04
Wong sadulur nadyan
sanak dipunruntut, aja kongsi pisah, ing samubarang karyeki, yen arukun dinulu
teka prayoga.
Persaudaraan
itu,meskipun dengan sudara jauh harus ruku, jangan sampai terpisah dalam segala
hal. Jika hidup rukun akan baik dilihat orang
05
Abot enteng wong
sugih sanak sadulur, enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun yen
sabiyantu ing karsa
Banyak sudara
memang ada berat dan ada juga ringannya. Ringan bila masing-masing pikirannya
terpisah, adapun beratnya jika (kita) membantu segala hal
06
Luwih bakuh wong
sugih sanak sadulur, ji – tus tadhingira, yen golong sabarang pikir, becik uga
lan wong kang tan duwe sanak
Lebih kokoh jika
banyak saudara, satu berbanding seratus jika bersatu hati, lebih baik
dibadingkan tidak memiliki saudara
07
Lamun bener lan
pinter pamomonganipun, kang ginawa tuwa, aja nganggo abot sisih, dipun sabar
pamengku mring santana.
Jika benar dan
pandai memperlakukannya. Yang merasa dituakan jangan berat sebelah, harus
berlaku seimbang terhadap kerabat dan bawahan
08
Pan ewuh wong
tinitah dadi asepuh, tan kena ginampang, mring sadulurira ugi, tuwa nenom aja
beda traping karya.
Memang repot jika
dituakan, tidak boleh menganggap gampang kepada saudara. Jangan membedakan
perintah, baik kepada yang muda maupun kepada yang tua
09
Kang saregep
kalawan ingkang malincur, iku kawruh ana, sira alema kang becik, ingkang
malincur den age bendanana.
Yang rajin dan yang
malas harus kau ketahui. Pujilah ia yang rajin, sedangkan yang malas, segera
marahilah
10
Yen tan mantun
binendonan nggone malincur, nuli patrapana, sapantese lan dosaning, kang
santosa dimene dadi tuladha.
Jika tidak sadar
kemalasannya dengan dimarai, jatuhilah hukumanyang seimbang dengan kesalahannya
agar menjadi contoh
11
Kang wong liya
darapon wedia iku, kang padha ngawula, ing batine wedi asih, pan mangkono
lelabuhane dadi wong tuwa
Bagi orang lain.
orang yang mengabdi akan menjadi segan dan setia. Bukankah begitu seharusnya
perilaku orang yang dituakan
12
Nggone mengku
jembar amot tur rahayu, den kaya sagara, tyase ngemot ala becik, mapan ana
pepancene sowang-sowang.
Seyogyanya berhati
bersih dan lapang dada bagai samudra, memahi baik dan buruk, bukankah
masing-masing memiliki takdir?
13
Jer sadulur tuwa
kang wajib pitutur, marang kadang taruna, wong anom wajibe wedi, sarta manut
wulange sadulur tuwa.
Saudara tua
memiliki kewajibanuntuk memberikan nasihat, adapun kewajiban orang muda adalah
segan dan menuruti nasaihat saudara tua
14
Kang tinitah dadi
anom aja masgul, ing batin ngrasaa, saking karsaning Hyang Widdhi, yen masgula
ngowai kodrating Suksma.
Yang ditakdirkan
menjadi saudara muda jangan ragu. Bersyukurlah karena sudah dikehendaki Yang
Mahaesa, jika ragu akanmegubah kodrat Allah
15
Nadyan bener yen
wong anom dadi luput, yen ta anganggoa, ing pikirira pribadi, pramilane wong
anom aja ugungan
Orang muda,
sekalipun benar tetap dipersalahkan, hal itu jika kau turuti pikiran sediri.
Oleh karena itu, orang muda jangan manja
16
Yen dadi nom weruha
ing enomipun, kang ginawe tuwa, dikaya banyu neng beji, den awening paningale
aja samar
Jika ditakdirkan
muda, sadarlah dengan kedudukan mudanya, adapun yang tua jadilah seperti air di
kolam, jernihkan penglihatanmu
17
Lan maning ana ing
pituturingsun, yen sira amaca, laying sabarang layanging, aja pijer ketungkul
ngelingi sastra.
Di samping itu,
nasihatku, jika kau membaca segala macam serat (kitab), jangan hanya terpaku
pada (keindahan) sastranya
18
Caritane ala becik
dipun enut, nuli rasa kena, carita kang muni tulis, den karasa kang becik sira
anggowa
Pahami baik dan
buruk ceritanya, kemudian renungkan (makna) cerita yang tertulis, yang kau rasa
baik, ambillah
19
Ingkang ala
kawruhana alanipun, dadine tyasira, weruh ing ala lan becik, ingkang becik
wiwitane kawruhana.
Yang jelek
pahamilah kejelekannya sehingga kau memahami mana yang buruk dan mana yang
baik. Adapun yang baik, pahamilah asal mulanya
20
Wong kang laku
mangkono wiwitanipun, becik wekasanya, wong laku mangkono witing ing satemah
puniku pan dadi ala.
Orang yang
bertindak begitu di awal, akan baik pada akhirnya, sedangkan orang yang
bertindak sebaliknya akan berakibat buruk
21
Dipun weruh iya ing
kawulanipun, kalawan wekasanira, puniku dipunkalingling, ana ala dadi becik
wekasanya.
Pahamilah, baik
awal maupun akhir. Perhatikan, ada yang tampak awalnya jelek namun pada
akhirnya menjadi baik
22
Ewuh temen babo
wong urip puniku, apan nora kena, kinira-kira ing budi, arang temen wijile basa
raharja.
Kehidupan memang
repot karena tidak dapat diperkirakan, jarang sekali tindakan yang baik (wijil
adalah isyarat pola tembang berikutnya)
PUPUH VII D U R M A
D U R M
A
01
Dipun sami
ambanting ing badanira, nyudha dhahar lan guling, darapon sudaa, nepsu kang
ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadya sabarang, karyanira lestari.
Biasakanlah melatih
dirimu untuk prihatin dengan mengurangi makan dan tidur agar berkurang nafsu
yang menggelora, heningkan hatimu hingga tercapai yang kau inginkan
02
Ing pangrawuh lair
batin aja mamang, yen sira wus udani, mring sariranira, lamun ana kang Murba,
masesa ing alam kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.
Janganlah ragu
terhadap pengetahuan lahir batin. Jika kau memahami bahwa dalam kehidupan ini
ada yang berkuasa, mudah-mudahan keinginanmu terkabul
03
Bener luput ala
becik lawan beja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking wong
liya, mulane den ngati-ati, sakeh dirgama, singgahana den eling.
Benar salah, baik
buruk, serta untung rugi, bukankah berasal dari dirimu sendiri? Bukan dari
orang lain. oleh karena itu, hati-hatilah terhadap segala ancaman, hindari dan
ingat
04
Apan ana sesiku
telung prakara, nanging gedhe pribadi, puniki lilira, yokang telung prakara,
poma ywa nggunggung sireki, sarta lan aja, nacat kepati pati.
Bukankah ada tiga
perkara utama yang akan membesarkanmu? Ketiga perkara tersebut adalah jangan
menyombongkan diri, jangan mecela
05
Lawan aja maoni
sabarang karya, sithik-sithik memaoni, samubarang polah, tan kena wong
kumlebat, ing masa mengko puniki, apan wus lumrah, uga padha maoni.
Dan jangan
mengritik hasil orang lain, sedikit-sedikit mengritik, segala tingkah orang
lain dikritik. Memang zaman sekarang sudah lumrah orang mengritik
06
Mung tindake dhewe
datan winaonan, ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen tindake wong liya,
pasti den arani sisip, iku wong ala, ngganggo bener pribadi.
Hanya hasil karya
sendiri yang tidak dikritik karena merasa paling benar. Meskipun benar, jika
perbuatan orang lain pasti dikatakan salah. Hal itu salah karena kebenarannya
menggunakan (ukuran) diri sendiri
07
Nora nana panggawe
kang luwih gampang, kaya wong memamaoni, sira eling-eling, aja sugih waonan,
den sami salajeng budi, ingkang prayoga, sapa-sapa kang lali.
Tidak ada perbuatan
yang lebih mudah daripada mengritik. Kau ingatlah, jangan terlalu sering
mengritik, selalulah berpikir baik. Barang siapa yang lupa
08
Ingkang eling iku
padha angilangna, marang sanak kanca kang lali, den nedya raharja, mangkono
tindakira, yen tan nggugu liya uwis, teka menenga, mung aja sok ngrasani.
Dari yang ingat,
maka ingatkan. Kepada sanak dan kerabat semoga bahagia. Begitu seharusnya
tidakanmu, namun jika tidak diturut, maka diamlah, namun jangan membicarakan
09
Nemu dosa gawanen
sakpadha-padha, dene wong ngalem ugi, yen durung pratela, ing temen becikira,
aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi cirinireki.
Kau akan berdosa
pada sesame. Begitupun jika kau memuji yang belum kaubuktikan kebenarannya,
jangan terburu-buru memuji, Anakku. Karena jika tidak terbukti malah akan
menjadi celaan
10
Dene kang wus
kaprah ing masa samangkya, yen ana den senengi, ing pangalemira, pan kongsi
pandirangan, matane kongsi malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
Adapun yang sering
terjadi pada zaman sekarang adalah jika ada orang yang disenanginya maka dipuji
setinggi langit sampai matanya melotot, meskipun jelek tetapi tetap dikatakan
baik
11
Aja ngalem aja mada
lamun bisa, yen uga masa mangkin iya ing sabarang, yen nora sinenengan, den
poyok kapati pati, nora prasaja, sabarang kang den pikir.
Kalau bisa, jangan
memuji atau mencela. Namun kini, jika tidak disenangi maka akan dicela habis-habisan,
yang dipikirkan pun bermacam-macam
12
Ngandhut rukun
becike ngarep kewala, ing wuri angarsani, ingkang ora-ora, kabeh kang
rinasanan, ala becik den rasani, tan parah-parah, wirangronge gumanti.
Pada awalnya
berpura-pura baik, tetapi di belakang diomongkan yang bukan-bukan, pembicaraan
pun berganti (wirangrong merupakan isyarat pergantian pola tembang beirkutnya,
yaitu wirangrong)
PUPUH V
MASKUMAMBANG
MASKUMAMBANG
01
Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta.
Meskipun ayah, ibu, kakek, maupun nenek jika nasihatnya tidak baik, maka jangan kau dengar, tidak patut kau turuti.
02
Apan kaya mangkono karepaneki, sanadyan wong liya, kalamun watake becik, miwah tindake prayoga.
Demikian seharusnya. Meskipun orang lain, namun memiliki tabiat dan tingkah lakunya yang baik
03
Iku pantes yen sira tiruwa ta kaki, miwah bapa biyung, amuruk watek kang becik, iku kaki estokena.
Itu pantas kau tiru, Nak, begitu pula jika ayah dan ibu memiliki nasihat yang baik, maka turutilah, Nak.
04
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing dunya praptaning akhir, tan wurung kasurang-surang.
Orang yang tidak mentaati orang tua itu durhaka, dia akan kena kutuk sejak hidup di dunia sampai di alam akhir
05
Maratani mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja sira kumawani, ing bapa tanapi biyang.
Hingga kelak ke anak cucu. Oleh karena itu, perhatikan sungguh-sungguh, jangan engkau kurang ajar kepada ayah atau ibu
06
Ana uga etung-etungane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima punika.
Ada juga yang disebut dengan lima sujud (bakti), Nak. Adapun kelima jenis sujud (bakti) itu adalah :
07
Kang dhingin rama ibu kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kaping katri, ya marang sadulur tuwa.
Yang pertama ayah dan ibu, kedua kepada mertua baik laki-laki maupun perempuan, ketiga kepada saudara tua
08
Kaping pate marang guru sayekti, sembah kaping lima marang Gustinira yekti, parincine kawruhana.
Keempat kepada guru, sedangkan kelima kepada raja (atasan). Adapun penjelasannya adalah
09
Pramila rama ibu den bekteni, kinarya jalaran, anane badan puniki, kinawruhan padhang hawa.
Mengapa ayah dan ibu harus dibaktikan, sebab keduanya adalah perantara yang menyebabkan kita hadir di dunia
10
Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing batin saking Hyang Widdhi, milane wajib sinembah.
Semua kepandaianmu bermula dari ayah dan ibu yang secara mata batin berasal dari Yang Mahakuasa. Oleh karena itu (mereka) patut kau sembah.
11
Ya mulane maratuwa jalu estri, pan wajib sinembah, angsung kabungahan tuwin, aweh rasa ingkang nyata.
Mengapa kedua mertuamu patut kau sembah, sebab mereka memberimu kebahagiaan dan kenikmatan sejati
12
Katanipun sadulur tuwa puniki, pan wajib sinembah, gegentening bapa benjing, mulane guru sinembah.
Sementara saudara tua harus kau sembah karena ia adalah ganti ayah kelak. Adapun guru wajib disembah karena
13
Kang atuduh sampurnanning urip, tumekeng antaka, madhangken pethenging ati, anuduhaken marga mulya.
Yang menunjukkan kesempurnaan hidup sampai datangnya kematian, menerangkan gelapnya hati, menunjukkan jalan kemulyaan
14
Wong duraka ing guru abot sayekti, milae den padha, mintaa sih ywa nganti, suda kang dadi sihira.
Orang yang dikutuk guru sangat berat, oleh karena itu mengharaplah kasih sayang guru kepadamu jangan sampai berkurang
15
Kaping lima dununge sembah puniki, mring Gusti Kang Murba, ing pati kalawan urip, aweh sandhang lawan pangan.
Adapun sembah yang kelima adalah kepada raja yang berkuasa atas hidup dan matimu, memberimu sndang dan pangan
16
Wong neng dunya kudu manut marang Gusti, lawan dipunawas, sapratingkahe den esthi, aja dumeh wus awirya.
Orang yang hidup seyogyanya berbakti kepada raja serta menjaga segala tindakan agar selalu benar, jangan sombong meskipun sudah berkuasa
17
Nora beda putra santana wong cilik, yen padha ngawula, pan kabeh namaning abdi, yen dosa kukume padha.
Tidak berbeda antara putra raja dan kerabat raja dengan rakyat jelata dalam hal mengabdi. Bukankah kedudukan abdi semuanya sama di mata hukum?
18
Yen rumasa putra santana sireki, dadine tyasira, angendiraken sayekti, nora wurung anemu papa.
Jika kau merasa sebagai putra raja atau kerabat raja, itu artinya kau menyombongkan diri, hal ini akan menyebabkan kesulitan bagimu
19
Angungasken putra sentananeng Aji, iku kaki aja, wong suwita nora keni, kudu wruh ing karyanira.
Janganlah kau mengagungkan diri sebagai putra raja, Anakku orang yang mengabdi (kepada raja) tidak boleh demikian, kau harus tahu kewajiban
20
Yen tinuduh marang Sang Maha Narpati, sabarang tuduhnya, iku estokna ugi, karyanira sungkemana.
Jika diperintah oleh Sri Baginda, apapun bentuk printahnya, maka hormati dan taati perintahnya
21
Aja mengeng ing parentah sang siniwi, den pethel aseba, aja malincur ing kardi, lan aja ngepluk sungkanan.
Janganlah menghindar pada perintah raja. Rajinlah menghadap dan jangan malas menjalankan tugas. Jangan sering terlambat dan menolak tugas
22
Luwih ala-alane ing wong ngaurip, wong ngepluk sungkanan, tan patut ngawuleng aji, angengera sapa-sapa.
Seburuk-buruknya orang hidup adalah bangun terlambat dan menolak kewajiban. Jika mengabdi kepada raja bahkan mengabdi kepada siapapun, hal itu tidak layak
23
Angengera ing bapa biyung pribadi, yen ngepluk sungkanan, nora wurung den srengeni, binalang miwah pinala.
Ikut pada ayah maupun ibu sekalipun, jika bangun terlambat dan menolak kewajiban pasti dimarahi, disambit, atau dipukul
24
Apa kaya mangkono ngawuleng aji, yen ngepluk sungkanan, tan wurung manggih bilahi, ing wuri aja ngresula.
Demikan pula mengabdi kepada raja, jika bangun terlambat dan malas akan celaka, (jika terjadi hal demikian) jangan kau menyesal di belakang hari
25
Pan kinarya dhewe bilahine ugi, lamun tinemenan, sabarang karyaning Gusti, lahir batin tan suminggah.
Bukankah celakanya itu hasil kerjanaya juga? Jika kau bersungguh-sungguh secara lahir batin, jangan kau menghindar
26
Mapan Ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kekasih, amung bener agemira.
Karena memang raja tidak memiliki putra, saudara, dan kerabat, demikian puia (raja) tidak memiliki istri atau kekasih, yang dipegang hanya aturan
27
Kukum adil adat waton kang denesthi, mulane ta padha, den rumeksa marang Gusti, endi lire wong rumeksa.
Hukum yang adil dan adat istiadat, itu yang dijalankan raja. Oleh karena itu, jagalah. Adapun cara menjaga raja adalah
28
Dipun gemi nastiti ngati-ati, gemi mring kagungan, ing Gusti ywa sira wani, anggegampang lawan aja
Hidup hemat, teliti, damn hati-hati. Janganlah kau menggampangkan milik raja, juga jangan
29
Wani-wani nuturken wadining Gusti, den bisa rerawat, ing wewadi sang siniwi, nastiti barang parentah.
sekalipun berani membocorkan rahasia raja. Simpanlah rapat-rapat rahasia raja dan cermati selurruh perintahnya.
30
Ngati-ati ing rina kalawan wengi, ing rumeksanira, lan nyadhong karsaning Gusti, Dudukwuluhe kang tampa.
Cermatilah segala milik raja dan berhati-hatilah siang dan malam sambil menerima perintah raja (dudukwuluhe adalah isyarat pola tembang berikutnya, yaitu dudukwuluh)
01
Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta.
Meskipun ayah, ibu, kakek, maupun nenek jika nasihatnya tidak baik, maka jangan kau dengar, tidak patut kau turuti.
02
Apan kaya mangkono karepaneki, sanadyan wong liya, kalamun watake becik, miwah tindake prayoga.
Demikian seharusnya. Meskipun orang lain, namun memiliki tabiat dan tingkah lakunya yang baik
03
Iku pantes yen sira tiruwa ta kaki, miwah bapa biyung, amuruk watek kang becik, iku kaki estokena.
Itu pantas kau tiru, Nak, begitu pula jika ayah dan ibu memiliki nasihat yang baik, maka turutilah, Nak.
04
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing dunya praptaning akhir, tan wurung kasurang-surang.
Orang yang tidak mentaati orang tua itu durhaka, dia akan kena kutuk sejak hidup di dunia sampai di alam akhir
05
Maratani mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja sira kumawani, ing bapa tanapi biyang.
Hingga kelak ke anak cucu. Oleh karena itu, perhatikan sungguh-sungguh, jangan engkau kurang ajar kepada ayah atau ibu
06
Ana uga etung-etungane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima punika.
Ada juga yang disebut dengan lima sujud (bakti), Nak. Adapun kelima jenis sujud (bakti) itu adalah :
07
Kang dhingin rama ibu kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kaping katri, ya marang sadulur tuwa.
Yang pertama ayah dan ibu, kedua kepada mertua baik laki-laki maupun perempuan, ketiga kepada saudara tua
08
Kaping pate marang guru sayekti, sembah kaping lima marang Gustinira yekti, parincine kawruhana.
Keempat kepada guru, sedangkan kelima kepada raja (atasan). Adapun penjelasannya adalah
09
Pramila rama ibu den bekteni, kinarya jalaran, anane badan puniki, kinawruhan padhang hawa.
Mengapa ayah dan ibu harus dibaktikan, sebab keduanya adalah perantara yang menyebabkan kita hadir di dunia
10
Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing batin saking Hyang Widdhi, milane wajib sinembah.
Semua kepandaianmu bermula dari ayah dan ibu yang secara mata batin berasal dari Yang Mahakuasa. Oleh karena itu (mereka) patut kau sembah.
11
Ya mulane maratuwa jalu estri, pan wajib sinembah, angsung kabungahan tuwin, aweh rasa ingkang nyata.
Mengapa kedua mertuamu patut kau sembah, sebab mereka memberimu kebahagiaan dan kenikmatan sejati
12
Katanipun sadulur tuwa puniki, pan wajib sinembah, gegentening bapa benjing, mulane guru sinembah.
Sementara saudara tua harus kau sembah karena ia adalah ganti ayah kelak. Adapun guru wajib disembah karena
13
Kang atuduh sampurnanning urip, tumekeng antaka, madhangken pethenging ati, anuduhaken marga mulya.
Yang menunjukkan kesempurnaan hidup sampai datangnya kematian, menerangkan gelapnya hati, menunjukkan jalan kemulyaan
14
Wong duraka ing guru abot sayekti, milae den padha, mintaa sih ywa nganti, suda kang dadi sihira.
Orang yang dikutuk guru sangat berat, oleh karena itu mengharaplah kasih sayang guru kepadamu jangan sampai berkurang
15
Kaping lima dununge sembah puniki, mring Gusti Kang Murba, ing pati kalawan urip, aweh sandhang lawan pangan.
Adapun sembah yang kelima adalah kepada raja yang berkuasa atas hidup dan matimu, memberimu sndang dan pangan
16
Wong neng dunya kudu manut marang Gusti, lawan dipunawas, sapratingkahe den esthi, aja dumeh wus awirya.
Orang yang hidup seyogyanya berbakti kepada raja serta menjaga segala tindakan agar selalu benar, jangan sombong meskipun sudah berkuasa
17
Nora beda putra santana wong cilik, yen padha ngawula, pan kabeh namaning abdi, yen dosa kukume padha.
Tidak berbeda antara putra raja dan kerabat raja dengan rakyat jelata dalam hal mengabdi. Bukankah kedudukan abdi semuanya sama di mata hukum?
18
Yen rumasa putra santana sireki, dadine tyasira, angendiraken sayekti, nora wurung anemu papa.
Jika kau merasa sebagai putra raja atau kerabat raja, itu artinya kau menyombongkan diri, hal ini akan menyebabkan kesulitan bagimu
19
Angungasken putra sentananeng Aji, iku kaki aja, wong suwita nora keni, kudu wruh ing karyanira.
Janganlah kau mengagungkan diri sebagai putra raja, Anakku orang yang mengabdi (kepada raja) tidak boleh demikian, kau harus tahu kewajiban
20
Yen tinuduh marang Sang Maha Narpati, sabarang tuduhnya, iku estokna ugi, karyanira sungkemana.
Jika diperintah oleh Sri Baginda, apapun bentuk printahnya, maka hormati dan taati perintahnya
21
Aja mengeng ing parentah sang siniwi, den pethel aseba, aja malincur ing kardi, lan aja ngepluk sungkanan.
Janganlah menghindar pada perintah raja. Rajinlah menghadap dan jangan malas menjalankan tugas. Jangan sering terlambat dan menolak tugas
22
Luwih ala-alane ing wong ngaurip, wong ngepluk sungkanan, tan patut ngawuleng aji, angengera sapa-sapa.
Seburuk-buruknya orang hidup adalah bangun terlambat dan menolak kewajiban. Jika mengabdi kepada raja bahkan mengabdi kepada siapapun, hal itu tidak layak
23
Angengera ing bapa biyung pribadi, yen ngepluk sungkanan, nora wurung den srengeni, binalang miwah pinala.
Ikut pada ayah maupun ibu sekalipun, jika bangun terlambat dan menolak kewajiban pasti dimarahi, disambit, atau dipukul
24
Apa kaya mangkono ngawuleng aji, yen ngepluk sungkanan, tan wurung manggih bilahi, ing wuri aja ngresula.
Demikan pula mengabdi kepada raja, jika bangun terlambat dan malas akan celaka, (jika terjadi hal demikian) jangan kau menyesal di belakang hari
25
Pan kinarya dhewe bilahine ugi, lamun tinemenan, sabarang karyaning Gusti, lahir batin tan suminggah.
Bukankah celakanya itu hasil kerjanaya juga? Jika kau bersungguh-sungguh secara lahir batin, jangan kau menghindar
26
Mapan Ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kekasih, amung bener agemira.
Karena memang raja tidak memiliki putra, saudara, dan kerabat, demikian puia (raja) tidak memiliki istri atau kekasih, yang dipegang hanya aturan
27
Kukum adil adat waton kang denesthi, mulane ta padha, den rumeksa marang Gusti, endi lire wong rumeksa.
Hukum yang adil dan adat istiadat, itu yang dijalankan raja. Oleh karena itu, jagalah. Adapun cara menjaga raja adalah
28
Dipun gemi nastiti ngati-ati, gemi mring kagungan, ing Gusti ywa sira wani, anggegampang lawan aja
Hidup hemat, teliti, damn hati-hati. Janganlah kau menggampangkan milik raja, juga jangan
29
Wani-wani nuturken wadining Gusti, den bisa rerawat, ing wewadi sang siniwi, nastiti barang parentah.
sekalipun berani membocorkan rahasia raja. Simpanlah rapat-rapat rahasia raja dan cermati selurruh perintahnya.
30
Ngati-ati ing rina kalawan wengi, ing rumeksanira, lan nyadhong karsaning Gusti, Dudukwuluhe kang tampa.
Cermatilah segala milik raja dan berhati-hatilah siang dan malam sambil menerima perintah raja (dudukwuluhe adalah isyarat pola tembang berikutnya, yaitu dudukwuluh)
PUPUH II K I N A N
T H I
K I N A
N T H I
01
Padha gulangen ing
kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den
kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.
Kalian biasakanlah
megasah kalbu, agar (pikiranmu) tajam menangkap isyarat, jangan hanaya selalu
makan dan tidur, jangkaulah sikap kepahlawanan, latihlah dirimu dengan
mengurangi makan dan minum.
02
Dadiya lakunireku,
cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala
watake wong suka, suda prayitnaning batin.
Jadikan sebagai
lelakon, kurangi makan dan tidur, jangan gemar berpesta pora, gunakan
seperlunya (karena) tabiat orang yang gemar berpesta pora adalah berkurangnya
kepekaan batin.
03
Yen wus tinitah
wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala
lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.
Jika kau sudah
ditakdirkan menjadi pembesar, janganlah menyombongkan diri, jangan kau dekati
orang yang memiliki tabiat buruk dan bertingkah laku tidak baik, sebab suka
atau tidak suka (hal itu) akan menular padamu.
04
Nadyan asor
wijilipun, yen kelakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku
pantes raketana, darapon mundhak kang budi.
Sekalipun berasal
dari keturunan kelas bawah, namun memiliki kelakuan yang baik atau memiliki
banyak cerita yang berisi (berguna), dia patut kau gauli, (hal itu) akan
menambah kebijaksanaanmu.
05
Yen wong anom pan
wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh bangsat, nora
wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.
Jika masih muda,
biasanya mengikuti lingkungan, jika di lingkungan itu banyak penjahat, maka
jahatnla ia. Jika di lingkungannya banyak pencuri, maka ia pun pandai mencuri.
06
Sanadyan ta nora
melu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki,
sok weruha nuli bisa, iku panuntuning eblis.
Meskipun tidak ikut
(mencuri) pasti mengetahui bagaimana cara mencuri. Demikanlah (karakter) semua
perbuatan jelek, awalnya hanya tahu, kemudian bisa melakukan, itulah bujukan
iblis.
07
Panggawe becik
puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan, aras-arasen
nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki.
Perbuatan yang
benar itu akan mudah jika sudah dilaksanakan, terasa sulit jika belum
dilakukan, enggan melaksanakan, namun jika dilakukan (hal itu) akan bermanfaat
bagi jiwa raga kita.
08
Yen wong anom-anom
iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor kang den simpar, umbag gumunggunging
dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.
Para pemuda di masa
sekarang meninggalkan sopan santun dan rendah hati, sebaliknya mengumbar
kesombongan dan tinggi hati.
09
Sapa sira sapa
ingsun, angalunyat sarta edir, iku wewatone uga, nom-noman adoh wong becik,
emoh angrungu carita, carita ala miwah becik.
Tidak mengenal
teman satu sama lain, kurang ajar, dan congkak, itu juga kebiasaannya, para
pemuda menjauhi orang yang berperilaku baik, tidak mau mendengar cerita yang
baik maupun cerita yang jelek.
10
Cerita pan wus
kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener ala lan ora, kalebu jro cariteki,
mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.
Adapun erita yang
sudah terjadi, adalah perbuatan baik dan buruk, tingkah laku benar dan tidak
benar termasuk ke dalam jenis cerita, oleh karena itu disebu cerita, selurihnya
harus kau ketahui.
11
Mulane wong anom
iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi,
kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
Oleh karena itu,
sebagai pemuda seharusnya rajin berkomunikasi dan berembug dengan orang tua
yang banyak bicara. Ingat, bicara itu banyak macamnya, ada yang baik, ada pula
yang buruk.
12
Ingkang becik
kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja sira anglakoni,
lan den awas wong akojah, iya ing masa puniki.
Pastikan kau ikuti
pembicaraan yang baik, yang kurang baik singkirkan, jangan kau lakukan,
meskipun begitu, di masa sekarang waspadalah setiap orang bicara.
13
Akeh wong kang
sugih wuwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang den
pakolehaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.
Banayak orang yang
pandai bicara namun pembicaraannya itu dibungkus dengan maksud untuk
mementingkan diri sendiri, hanya dirinya yang diuntungka, mengumbar kedengkian
tanpa batas.
14
Aja ana wong bisa
tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana ingkang memadha, angrasa pinter
pribadhi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes den pareki.
Jangan ada orang
yang dapat berbicara kecuali dirinya sendiri dan jangan ada yang meyamai,
merasa paling pandai, itu adalah perilaku setan, tidak pantas kau dekati.
15
Sikakna di kaya
asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen apan nora layak, yen sira sandhinga
linggih, nora wurung katularan, becik singkirana ugi.
Jika kau temui
orang seperti itu, usirlah seperi kau menghalau anjing, dia tak patut kau
dekati apalagi menemaninya duduk, niscaya kau akan ketularan, lebih baik
hindarilah.
16
Poma-poma
wekasingsun, mring kang maca layang iki, lair batin den estokna, saunine layang
iki, lan den bekti mring wong tuwa, ing lair praptaning batin.
Bagi ayang membaca
surat ini, perhatikan dengan sungguh-sungguh nasihatku ini, patuhilah secara
lahir dan batin, laksnakan apa yang tertulis dalam surat ini, dan berbaktilah
terhadap orang tua, lahir dan batin.
PUPUH I
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Pamedare wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga, dhahat mudha ing
batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh yen keh ngesemi, ameksa
angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh
kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.
Uraian nasihat ini bermula dari kelancangan hati
berniat meniru para pujangga, padahal (aku) sangatlah bodoh. Tetapi karena
ingin disanjung, tidak tahu jika kelak banyak yang mencibir. Memaksakan diri
untuk menciptakan, (meski) dengan bahasa yang kacau balau bahkan tersia-sia,
namun (hal ini) kususun dengan teliti dan sabar, semoga isyarat ini menjadi
jelas.
02
Sasmitaning ngaurip puniki, apan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing
uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing
kauripanira.
Isyarat dalam kehidupan ini, tidak mungkin kau pahami
jika kau tak mengetahuinya, tidak akan memiliki ketenangan dalam hidupnya.
Banyak yang mengaku dirinya sudah memahami isyarat (dalam hidup), padahal belum
mengolah rasa, inti dari rasa yang sesunguhnya. Oleh karena itu, berusahalah
(memahami makna rasa itu), agar sempurna hidupmu.
03
Jroning Kur’an nggonira sayekti, nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba
lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak
katalanjukan, temah sasar-susur, yen sira ayun waskita, sampurnane ing badanira,
punika sira anggegurua.
Di dalam Al-Quran tempatmu mencari kebenaran sejati,
hanya yang terpilih yang akan memahaminya ,kecuali atas petunjuk-Nya. Tiadk
boleh dicampur-adukan, tak mungkin kau temukan (kebenaran isyarat), bahakan kau
semakin tersesat. Jika kau menghendaki kesempurnaan dalam dirimu, maka
bergurulah.
04
Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik
martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur
oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes
sira guronana kaki, sartane kawruhana.
Meskipun begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah
guru yang sebenarnya, tinggi martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah.
Syukur-syukurjika kau temukan seorang pertapa yang tekun dan tidak mengharapkan
imbalan orang lain, dia pantas kau gurui. Serta ketahuilah
05
Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja sira
age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang
patang, prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, myang kiyase papat iku salah
siji, anaa kang mupakat.
Jika seseorang berbicara tentang ilmu, tetapi tidak
sesuai dengan empat hal, janganlah engkau terlalu cepat menganggap benar
adanya. Saringlah agar bening dan ukurlah dengan empat hal, yaitu dalil, hadis,
ijmak, dan kiyas. Salah satu dari keempat hal itu harus ada yang sesuai.
06
Nora kena lamun den antepi, yen ucula sing patang prakara, nora enak
legetane, tan wurung ningal wektu, panganggepe wus angengkoki, nora kudu
sembahyang, wus salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora
nganggo den singgahi, bubrah sakehing tata.
Tidak boleh kau terima (isyarat) jika lepas dari empat
hal tadi, karena biasanya tidak baik. (kau akan) merasa sudah menjalankan ‘laku’
sehingga yidak harus sembahyang, akhirnya meninggalkan syariat, tidak perlu
tahu mana yang haram dan batal. Hal itu akan merusak aturan.
07
Angel temen ing jaman mangkin, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong
njaja ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing
panggawene sarak, den arani luput, nanging iya sasenengan, nora kena den uwor
kareping janmi, papancene priyangga.
Memang sulit mencari seseorang yang patut kau gurui di
zaman ini. Banyak yang menjajakan ilmu tetapi jarang yang mengikutinya. Jika
seseorang berilmu dan menjalankan lakunya dengan benar, malah dianggap salah.
Namun itu hak masing-masing, tidak boleh kau samakan keinginan orang,
masing-masing memiliki perbedaan.
08
Ingkang lumrah ing mangsa puniki, apan guru ingkang golek sabat, tuhu
kuwalik tingale, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang
padha ngupaya, kudu anggeguru, samengko iki tan nora, Kyai Guru naruthuk
ngupaya murid, dadiya kanthinira.
Yang biasa terjadi pada masa kini adalah guru yang
mencari murid, itu tampak sangat ironis dengan kebiasaan yang terjadi di masa
lalu. Zaman dulu murid yang berusaha mencari dan harus berguru, sekarang tidak
begitu, malah guru yang ke sana ke mari mencari murid. Jadikan sebagai
pengangan (kanthinira merupakan isyarat pola tembang berikutnya, yaitu
Kinanthi).
0 komentar:
Posting Komentar